hoho-_-
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Bismillahirahmanirahim.
Rabi srohli sodri wayas sirii
amri, wahlul ngukdatam milisani yaf qohu kauli.
- Dumateng sesepuh pini sepuh
ingkang tansah kula hormati.
- Dumateng bapak-bapak ingkang tansah
kawula hormati.
- Dumateng ibu-ibu lan para
lenggah sami ingkang tansah kawula hormati ugi.
Langkung rumiyin mangga kula
lan panjenengan sedaya tansah ngraosaken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah
SWT, ingkang sampun paring mapinten-pinten kenikmatan, injih punika kesehatan,
keslametan sarto keimanan sehingga ing wekdal siang menika kula lan panjenengan
sedaya saged nindaki pakempalan trah kanthi wilujeng mboten amongsih alangan
satunggal punapa. Mugi-mugi tindak kula panjenengan sami saking dalem dumugi
menika papan pikantuk karidhaning Allah SWT.
Mboten kesupen ugi shalawat
lan salam mugi katetepna dateng junjungan kula lan panjenengan sedaya Nabi
Agung Muhammad SAW, keluarga, putra, sahabat, lan ugi kula lan panjenengan
sedaya ingkang sami derek sunah-sunahipun.
Dumateng para bapak/ibu lan
para lenggah sami.
Kepareng matur kula ing mriki
matur makili keluarga :
Sepindah ngaturaken sugeng
lenggah lan sugeng pambagya sak cekapipun awit kerawuhan panjenengan sedaya.
Kaping kalihipun ing mbokbilih anggem kawula nanggapi saha caos papan
palenggahan kirang nuju prana dumateng para lenggah sami, saestu kula sak
keluarga namun nyuwun agunging samudra pangak sami.
Cekap semanten atur kula
kathah keklentuanipun anggen kula matur kula nyuwun sewu agunging pangapunten.
Wabillahitaufik wal hidayah.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Bagus untuk acara arisan.
BalasHapus